Friday 5 October 2012

SEMBAHYANGAN ARAH DHASAR UMATING ALLAH KEUSKUPAN AGUNG SEMARANG 2011-2015


Allah Hyang Rama ingkang Mahakuwasa,
Kawula ngaturaken gunging panuwun ingarsa Dalem,
jer Gusti sampun karsa njangkung umat Dalem
ing Keuskupan Agung Semarang,
wonten ing pasujarahan gesang
kanggé ndhèrèk njumenengaken Kraton Dalem,
ingkang langkung mranani lan migunani,
kanggé Pasamuwan Suci lan masyarakat.
Mugi kerso ngutus Hyang Roh Suci,
supados kanthi kapitadosan ingkang sangsaya lebet,
maton lan mantep,
kawula saged ndhèrèk gumrégah
mekaraken habitus énggal linambaran semangat Injil,
ing tengah-tengahing masyarakat Indonesia.
Kanthi panggulawenthahing iman
ingkang nyerdhasaken lan ndayani,
sarta paring kalonggaran ageng
kanggé sawernining kanugrahan Dalem,
kawula nyuwun mekaring umat Dalem,
ingkang nyengkuyung optimalisasi dayaning kaum awam,
ingkang damel kapitayan iman tanpa kendhat maujud,
ingkang ndayani tiyang alit, sèkèng, miskin,
siningkir lan difabel,
lan ingkang sangsaya nglestantunaken wetahing tumitah.
Sesarengan kaliyan Kanjeng Ibu Dèwi Mariyah,
abdining Allah lan ibuning Pasamuwan Suci,
tuladhaning kasetyan lan andhap asoring manah,
kawula unjukaken sembahyangan,
niyat lan pambudidaya kawula ing ngarsa Dalem,
lantaran Sri Yésus Kristus Putra Dalem,
Gusti lan lantaran kawula. Amin.